SESORAH


SESORAH

TANGGAP WACANA PAHARGYAN PEPISAHAN KELAS IX

Assalamu’alaikum wr. wb

Bapak Kepala SMP 1 Wonopringgo ingkang kula hurmati,

Bapak Pengurus Komite Sekolah saha tamu undangan ingkang kula hurmati,

Bapak ibu karyawan lan karyawati ingkang kula hurmati,

Bapak saha ibu guru ingkang tansah kula bekteni,  lan

Rencang-rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.

Minangka pambukaning atur,  sumangga sesarengan kula dherekaken ngaturaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah karaharjan, kanikmatan,  saha kasarasan, saengga kita sadaya saged kempal wonten ing pahargyan pepisahan siang punika, kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa..

Keparengan ing mriki kula minangka sesulihipun putra-putri kelas IX,  badhe matur wonten ngarsa panjenengan sami.

Bapak saha ibu guru sekaliyan, utaminpun bapak kepala sekolah,  wonten ing kalodhangan punika kula sakanca  ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjengan sami, awit saking sih katresnan,  sadangunipun tigang tahun, dipun gulawenthah kanthi manah  ingkang sabar, ikhlas, kebak raos tresna lan asih.  Ngantos karaosaken boten wonten bentenipun kaliyan bapak saha ibu ingkang nglairaken kula piyambak. Makaten kalawau saengga samangke saged ngrampungaken  pasinaon wonten ing pawiyatan SMP 1 Wonopringgo punika.  Semanten agenging lelabetan kalawau,  pramila,  kula sakanca  tansah dedonga,  mugi-mugi lelabetan panjenengan sami pikantuk ganjaran lan pepulih ingkang matikel-tikel saking Gusti Allah SWT.

Saestunipun awrat anggen kula badhe matur, amargi,  salebeting batin kepingin sanget tansah cecaketan kaliyan bapak saha ibu guru,  ngangsu kawruh ngantos dumugi salaminipun. Nanging temtu kemawon sadaya kalawau boten badhe kelampahan, jer kula sakanca, nggadhahi ayahan lan jejibahan ingkang langkung awrat, inggih punika ngudi kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.  Pramila pudya pangastutinipun bapak saha ibu guru kemawon ingkang tansah kula suwun, mugiya dadosa jimat ingkang tansah nyurung lan nuntun dhumateng lampah kula ngudi gegayuhan minangka sanguning gesang ing bebrayan agung.

Kula sakanca, ingkang badhe nilaraken pawiyatan SMP 1 Wonopringgo punika, mbok bilih sadangunipun sesrawungan kathah tindak tanduk saha atur ingkang nguciwani lan kirang mranani, nyuwun agunging samodra pangaksami.  Mekaten ugi dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII.

Dhumateng adik-adik kelas VII lan kelas VIII,  nyuwun pandonga sageda kalampahan idham-idhaman lan gegayuhan kula sakanca.  Ugi nyuwun supados adik-adik sregep anggenipun sinau, saha miturut punapa ingkang dados dhawuhipun bapak lan ibu guru.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih namung makaten anggen kula saged matur dhumateng bapak  ibu guru sarta adhik-adhik, sumrambahipun para rawuh sadaya. Boten kesupen kula pribadi menawi wonten klenta-klentu anggen kula  matur, nyuwun agunging samodra pangaksami.

Matur nuwun.

Bilahi taufik wal hidayah, wassalamu’alaikum wr. wb.

=====hermadi=====

TANGGAP WACANA PAMBUKA PENGETAN MAULID NABI

Assalamu’alaikum wr. wb.

Para sesepuh pinisepuh, alim ulama, kaum muslimin wal muslimat, mukminin wal mukminat rokhimatulallah.

Saderengipun kula matur ingkang kathah, sumangga kula derekaken sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT , dene kula panjenengan sami taksih pinaringan bagas waras, rahmat saha hidayah, saengga saged sesarengan kempal wonten ing Masjid Darussallam mriki, saperlu ngawontenaken pengetan agung, Miyosipun Nabi Agung junjungan kita sadaya, Muhammad SAW, ingkang tansah kita entosi syafa’atipun ing dinten yaumil qiyamat mangke.

Ing dalu punika tanggal 26 Pebruari 2010, utawi tanggal 12 Robiulawal 1431, sadaya umat Islam kabikak manahipun,  kadhodhog jiwanipun,  kagugah badanipun,  saperlu ngaji lan mengeti    ( ngaji dari kata meng “ kaji “ ) Miyosipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW, utawi ingkang limrah dipun sebat Maulid Nabi Muhammad SAW, Rosulullah junjungan kita sadaya.

Kula minangka ketua panitia pengetan Maulid Nabi ing Masjid mriki, ngaturaken sugeng rawuh dhumateng jamaah sadaya, ingkang sampun nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan ing dalu punika, mugiya pikantuk syafa’at saking Kanjeng Nabi, lan Gusti Allah SWT  tansah ngluberaken rahmat saha hidayah Ipun dhumateng kita sadaya, paring ganjaran swarga kangge gesang  kita wonten ing alam akhirat mangke,  Amin … Allahuma … amin.

Boten langkung kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng mudha-mudhi Masjid Darussalam mriki, ingkang sampun nyengkuyung lan nyawisaken sadayanipun, murih regengipun pengetan Maulid Nabi  ing dalu punika. Mugi-mugi Gusti Allah SWT maringi pepulih ganjaran samurwatipun.

Wondene ular-ular hikmah ingkang mujudaken inti saking pengetan Maulid Nabi ing dalu punika mangke,  badhe dipun wedharaken dening Bapak Kyai H. Sholehudin saking Pemalang. Panyuwun kula mugiya ular-ular punika saged mupangati tumrap kita sadaya,  nambah ke Imanan saha ke Taqwaan dhumateng Gusti Allah SWT.

Kula kinten menggah atur pambuka punika kula cekapi semanten kemawon, …lan salajengipun pengetan Maulid Nabi ing dalu punika sumangga kita bikak kanthi waosan  “ Bhasmallah “ …..Bhismillahir rohmanir rohim….Matur nuwun.

Akhirul khalam bilahit taufik wal hidayah wassalamu’alaikum wr. wb.

=====hermadi=====

2 Balasan ke SESORAH

  1. lati berkata:

    niku ngagem basa krama?

Tinggalkan komentar